Kagem Ibu, karangan Didi Kempot
Ibu.. Sing wis nuntut awaku. Saking suku tekane rambutku. Ibu, ora kendat dongaku aku ra lali wektu ten iseh ono. Tak eling tresno lan ngendikamu
Ibu.. Beninge toyo wudhu, sek ngademke atiku, saben eling kabeh ngendikamu. Ibu.. Ora lali nyuwonku, impenono aku, senadayan sedelo jroning kangenku. Oh ibu… Wis kepenak panggonmu, sedoyo mung nenggo wektu..
Neng tangan tengenku, tak gegem weling mu, tak ugemi nganti seprene ora lali. Saben wayah wengi, soyo cetho ngendikamu, ngelingake pungkasan ketemu ibu.